Halaman

Jumat, 13 Juli 2012

modul bahasa jawa


Wulangan 1
Kompetensi Dasar
Indikator
Mendengarkan Sandiwara
·       Mampu menyebutkan topik sandiwara  radhio
·       Mampu menyebutkan unsur intrinsik sandiwara  radhio
·       Mampu menyebutkan watak paraga sandiwara radhio
·       Mampu merangkum isi sandiwara radhio

A. Ngrungokake Sandiwara
1.   Pangertosan Sandiwara
         
          Sandiwara utawa tonil yaiku pagelaran kanthi lelakon. Sandiwara bisa migunakake naskah utawa tanpa naskah. Sadiwara iki kagiyarake dening para pemain sing memba werna dadi paraga-paraga liya kaya ing naskah. Sandiwara ora mung tontonan ing panggung nanging uga bisa dirungokake lumantar radhio lan televisi.
          Sandiwara iku bisa dirungokake saka radhio. Saiki uga akeh sandiwara sing disiarkake saka televisi.
2.   Njlenterhake bab kang kamot ing Sandiwara
      Bab-bab kang mbangun wutuhing sandiwara  ingkang asring kasebut unsur intrinsik kaprasajakake kanthi ringkes yaiku:
o   Underan (Tema)
Sawise sandiwara karungokake kanthi premati mula bisa nemtokake underaning rembug. Bisa ngemot babagan ekonomi,hukum,sosial utawa babagan budaya.
o   Paraga lan Watak
Paraga bisa kajlentrehake mawa sapa wae kang ana ing sandiwara kasebut. Ana paraga kang dadi sumbering sandiwara utama asring kasebut paraga utama (protagonis) lan ana paraga sing nduweni sipat ala kang sinebut antagonis, uga ana sing dadi panengahing paraga lan nyengkuyung sandiwara yaiku paraga sakloran utawa tritagonis.
o   Latar (setting)
Sing dikarepake latar ing sandiwara yaiku kapan lan ing ngendi kadadean mau , kanthi ngemot latar wektu, lan papan panggonan. Latar wektu yaiku ngandarake kapan dumadining lelakon mau, dene latar panggonan ngandarake babagan ana ngendi kakadeane.
o   Plot  (alur)
Plot nerangake babagan kepiye lakune cerita, critane maju, mundur utawa campuran. Alur maju yaiku critane sandiwar runtut saka awal nganthi pungkasane critane, dene alur mundur      yaiku critane mbalik sing pungkasan ing wiwitane crita lan alur campuran yaiku kala-kala alure maju lan ing tengahing crita alure mbalik. 
o   Amanat (Piwulang luhur)
Amanat yaiku piwulang kang kajupuk saka critane. Yen kagarba nganggo katrangan liya, amanat  iku nuduhake mungguh apa sejatine kanag bakal kakandhakake dening  pangripta, lan bakal katemokake sawise njingglengi tumindhaking paraga-paraga lumantar ukara-ukara kang dicritakake sajroning
sandiwara.



 





3.   Gladhen Katrampilan
Semaken teks sandiwara radhio ing ngisor iki !
Naskah  Sandiwara Radhio
Irah-irahan          : Kabeh Butuh
Wekdal               : 15 menit
Radhio        : POP FM Purwodadi
      ( Iringan gendhing..ana ing omah Sumiyati, rasman lan jaka padha rerasan anggone padha duwe panyuwunan marang bapak ).

Sumiyati     : “Pak , manawi sarujuk mbokboten sah              mundhut komputer rumiyin. Awit reginipun awis sanget....
Rasman       : “ Leres Pak, minurut kula dipundhutaken punika lo, ,dolanan nitendho kemawon Pak artanipun. Boten awis kok.”
Jaka             : “Manawi kula pengin dipunpundhutaken buku kemawon Pak, saged kangge nulis utawi damel karangan.”
Bapak          : :Kabeh sajake duwe kabutuhan dhewe-dhewe, mula prayogane  mengko nunggu Ibu yen wis kondur kanggo rembugan maneh.”

Sumiyati, Rasman,Jaka : “Inggih Pak....”
(Iringan gendhing....ibu wis kondur saka kantor nalika
ngerti kabeh padha kumpul banjur mundhut priksa.)

Ibu               : Kadingaren wayah ngene padha ngumpul, apa wis padha adus?
Sumiyati     :Kula dereng bu,,,
Jaka             : bapak ugi dereng siram kok, Bu..
Ibu               : Lha ana apa kok pada durung adus kie? Sidang apa iki?
Bapak          : Ngene lho bu,,,bocah-bocah iku padha duwe pepenginan sing maneka werna, bapak uga nduweni rencana.
Ibu               : Piya to nang ?
Jaka             : Ngaten lho Bu, ,kula punika remen nulis geguritan,pramila kula mbetahaken buku.
Sumiyati     : Manawi kula kirang sarujuk , kangge nyerat, prayogi Bapak mundhut mesin ketik mawon , Bu.
Rasman       : Kula boten sarujuk bu, ,kula nitendo mawon, dolanan lare sakniki Bu.
Bapak          : Jan-jane Bapak kaboten yen kabeh kudu dituruti, kudu ana sing gelem ngalah dhisik, Bapak dhewe mbutuhake komputer kanggo pakaryan.
Ibu               : oo,....ngana tho...ya ya,,sakiki kepiye yen tuku komputer sik wae? Kabeh mengko kan ya isa nganggo.
Anak-anak : Nggih bu,,sarujuk

Gendhing panutup.......
 







4.   Gladhen Kawruh
1.   Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki !
1)  Apa tema/ topik sandiwara mau ?
2)  Sapa wae kang kalebu paraga protagonis?
3)  Apa kang diarani paraga tritagonis la antagonis?
4)  Coba tulisen amanat sing bisa kok jupuk saka sandiwara mau!
5)  Kapiye alur ing sandiwara mau ?
2.   Gawea sinopsis sandiwara kasebut.
                        Paugeran Mbiji Gawe sinopsis
No
Jeneng siswa
Runtuting ukara
Runtuting Basa
Bener Isine
Katrangan







Legi enak enting-enting
The  pait dadi kancane
Piwulang luhur kang penting
Ayo pada ditindake






Horizontal Scroll: 2. Micara
 


Kompetensi Dasar
Indikator
Berdialog dengan warga masyarakat
·       Mampu berdialog dengan warga masyarakat secara lisan
·       Mampu menerapkan unggah-ungguh basa secara benar
·       Mampu menjawab pertanyaan sesuai isi dialog
·       Mampu menceritkan kembali isi dialog

B. Nindakake dialog  utawa pacelathon karo warga masyarakat
1.   Nindakake pacelathon
      Pacelathon  yaiku guneman antarane wong siji lan liyane lan kudu nggatekake unggah-ungguh basa. Sakliyane iku, uga kudu ngerti subasita utawa tata krama Anggone ngomong aja seru-seru, sing penting wong sing diajak guneman bisa ngrungokake kanthi cetha.Pandelenganmu aja neng ngendi-ngendi, nanging kudu ndeleng sapa sing diajak ngomong.Iku ateges ngurmati wong sing diajak guneman.
a.    Horizontal Scroll: •	Para siswa gawe kelompok lan diskusi gayutan paragan kang arep dipragakake.
•	Sawise kabentuk kelompok banjur paragakna pacelathon mau.
•	Banjur kelompok liyane nanggepi
Ayo pacelathon ing ngisor iki diwaca sing premati !

Flowchart: Delay: Pituduh sinau

 

 

 

 

 

 

 


Tuladha Pacelathon

Ani lan Bayu     :  “Sugeng enjing Pak Bangkit”

Pak Bangkit       : “ Sugeng enjing, Nak . . .Ayo padha    lungguh kene, kok  njanur gunung, ana apa?”

Bayu                   : “ Makaten, Pak Bangkit, kula kekalih badhe matur babagan  kagiyatan    wonten   ing dhusun punika .”

Pak Bangkit       : “Iya, kepriye Nak? Apa sing bisa dakbantu?”

Ani             :”Makaten , Pak Bangkit,kula kekalih badhe ngusulaken supados dhusun kita   nggdhahi lan ngawontenaken kagiyatan ingkang wonten sambet  raketipun  kaliyan  kawula  muda. Supados dhusun kita saged  ngrembaka katimbang dhusun sanes.”

Pak Bangkit       :”Iya. .iya..kandhamu bener, Nak Ani. Aku sarujuk karo usulmu sakloron.. yen  mangkono, padha nggaweya proposal kanggo ngadani kagiyatan kuwi.

Bayu                   :”Inggih , Pak.Kula kekalih badhe ndamel proposal kagiyatan punika.

                             Matur nuwun. Kula lan Ani pamit rumiyin Pak.

Pak Bangkit       :”Iya, ,ati-ati.”

 

 

 

b.   Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki
1)  Sapa wae sing nindakake pacelathon ing nduwur mau?
2)  Kepriye unggah-ungguh basa kang dianggo pacelathon ing nduwur?
3)  Prekara apa kang lagi diomongake ing pacelathon mau?
2.   Nyritakake Maneh Pacelathon sing wis Ditindakake
a.    Gawea kelompok kang kadadean saka 2 siswa!
b.   Tindakna pacelathon tema pendidikan.
c.    Critakna lan paragana pacelthon sing wis koktindakake ing ngarep kelas banjur kelompok liyane menehi tanggepan lan mbenerake ukara utawa tetembungan sing durung trep.
d.   Klumpukna teks pacelathon iku marang gurumu!








Rounded Rectangle: Kang diarani pacelathon yaiku guneman antawisipun wong siji ,utawa luwih ana ing sandiwara utawa crita.






Horizontal Scroll: 3.Maca
 








Kompetensi Dasar
Indikator
Membaca nyaring cerita Ramayana
·       Mampu  membaca cerita ramayana dengan jelas
·       Mampu  menyebutkan isi cerita ramayana
·       Mampu  menceritakan kembali isi cerita ramayan
·       Mampu  menjawab pertanyaan sesuai isi cerita Ramayana

A. Gladhen Katrampilan
Wacanen crita wayang ing ngisor iki kanthi nggatekake kedal lan lagu kang trep.

Rama Wiwaha
          Kacariyosa, Prabu Rama punika sejatosipun dewa. Asmanipun Wisnu. Panjenenganipun  manjalma dados manungsa tumurun saking kahyangan dhateng donya. Sadaya  kala wau awit panyuwunipun para dewa sanesipun, amargi para dewa boten tentrem dipunganggu dening Nata Alengka inggih punika Dasamuka utawi Rahwana.
          Salah satunggaling dinten, Prabu Rama tuwin Lasmana nembe ngumbara dhateng pundi-pundi, njajah dhusun nusuk wana dumugi nagari sanes. Nalika samanten nglangkungi Nagari Widheda utawi Manthili. Ratu kaparingan asma Janaka. Kaleresan ing  Nagari punika saweg ngawontenakan sayembara. Sinten ingkang saged menthang gandhewa pusaka kraton, badhe kapundut mantu ,pikantuk putri  kang asma Shinta.
          Kathah ingkang tumut sayembara. Ananging sedaya tansah boten kiyat ,nanging Rama banjur angsal giliran lan menthang gendhewa kanthi gampil lan ngantos tugel. Minangka bebungahing sayembara, pramila Rama pikantuk Shinta ingkang ayu.
          Upacara wiwaha mawi cara agengan . dangunipun ngantos pinten-pinten dinten. Sasampunipun anggenipun gadhah damel bibar, kakalihipun banjur kaboyong menyang Nagari Kosala.


 





B. Gladhen Kawruh
1.   Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki adhedhasar wacan mau.
1.   Prabu Rama sejatosipun dewa, kaparinga asma sinten?
2.   Prabu Rama tumurun saking pundi?
3.   Sinten ingkang nganggu para dewa ?
4.   Punapa wujudipun sayembara?
5.   Sasampunipun pikanthuk Shinta, lajeng kaboyong dhateng pundi?
2. Critakna maneh wacan ing dhuwur mau nganggo bahasamu dewe.








 







Indikator:
1.Mampu menentukan kerangka topik karangan
2.Mampu menjelaskan aspek yang diperhatikan dalam menulis sastra
3.Mampu mengembangkan kerangka topik menjadi cerita/ geguritan
4.Mampu menjawab pertanyaan yang terkait dengan kegiatan menulis

 Bahan pembelajaran
A.GEGURITAN
Miturut bausatra jawa, geguritan iku karangan kang pinathok kaya tembang nanging guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune ora jejeg.Geguritan uga kasebat tembang uran- uran awujud purwakanthi.Nulis utawa ngarang iku mujudake pakulinan.Sapa kang kulina bakale bisa, nanging sing sapa ora kulina ya ora bakal bisa.Nulis apa wae prayoga cetha underane.Underane tulisan yaiku pokok utawa tema tulisan.Underane tulisan bisa babagan apa wae, contone masyarakat, kagiyatan lan katresnan, ekonomi.
Geguritan ing jaman ndhisik isih manganggo paugeran kaya ing ngisor iki:
Ø Cacahing gatrane ora tartamtu, nanging lumrahe sathithike patang gatra.
Ø Cacahing wandane gatra siji lan sijine padha kehe.
Nanging zaman sakiki paugeran kaya mangkono wis ora kanggo.Geguritan ing jaman sakiki nulad cara- cara mancanegara kang maneka warna wujude.
Geguritan iku ngemu nilai- nilai utawa amanat kang bisa dipethik lan kanggo pangajaran tumrap wong kang maca.Kanggo mangerteni amanat utawa nilai- nilai kang diandhut geguritan iku bisa kanthi parafrasakake. Parafrasakake yaiku ngandharaken maneh sawijining teks utawa karangan arupa wujud kang beda supaya bisa mengerteni maknane.
Tembung geguritan asale saka tembung gurit.Wanda wiwitane ( purwa ) dirangkep dadi gegurit.Gurit kuwi tegese tulisan awujud tathan kanthi paugeran tartamtu, kidung utawa tembang.
Geguritan iku kalebu ewoning rumpakan puisi jawa gagrag anyar.Amarga ora kaiket wewaton kaya tembang macapat kang arupa :
a.    Caching gatra ing saben pada ( guru gatra )
b.   Cacahing wanda ing saben gatra ( guru wilangan)
c.    Swara ing pungkasaning gatra ( guru lagu )
Edi penine geguritan iku gumantung pilanganing tembung- tembung kang mentes, rumpakane purwakanthi wirama.Kajaba iku uga migunakake busananing basa kaya dene dwipurwa lan seselan.
        Tuladha geguritan
WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU
Jakarta 8 april 2009
Rong puluh tahun kepungkur  aku lan sliram,u nate mlaku ana dalan kene
Saklawase ora nate ketemu
Saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthi
Gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk
Wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur
Wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih
Ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur
Ana cerita rinajut endah
Dik, kala kala sliramu isih dadi impenku
Pirsanana ana nduwur kae
Ana teja manther ing sela- selaning gegodongan
Lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene
Saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen
Simpenen kangenmu ana impen***
                                               

Tagihan 1
Wangsulana pitakon- pitakon ing ngisor iki!
1.   Apa tegese irah- irahan geguritan ing dhuwur?
2.   Apa tegese tembung rinajut endah?
3.   Isi pungkasaning guritan iku nuduhake apa?
Tagihan 2
Nyritakna isi geguritan
Critakna isi geguritan “ WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU ‘’

B.PURWAKANTHI
Purwakanthi utawa aliterasi iku unen- unen utawa ukara kang runtut basa utawa satrane.Purwakanthi kang runtut basane jenenge purwakanthi basa, dene yen ing sastra sinebut purwakanthi sastra.Purwakanthi bisa awujud ukara lumrah, bisa uga ngemot paribasan, saloka, utawa tembang.
Jinising puewakanthi kaperang dadi 3 ( telu ) yaiku:
*  Purwakanthi guru swara
Purwakanthi guru swara yaiku purwakanthi sing padha swara ing pungkasaning tembung.
Tuladha : - ora cepet ora ngliwet
-        Saja jujur bakal makmur
-        Tuwas sayah ora paedah
*  Purwakanthi lumaksita / basa
Purwakanthi lumaksita ( guru basa) yaiku purwakanthi sing padha kabeh tetembungane.
Tuladha : - wiwit tresna, tresnane mung sawetara
-        Bayem arda, ardane ngrasuk busana
-        Raja putra, putra dalem ngustina
*  Purwakanthi guru sastra
Purwakanthi guru sastra yaiku purwakanthi sing padha tulisane.Utawa aksarane ing saben wiwitan wanda utawa tetembungane.
        Tuladha : - laras, liris, lurus, leres
-        Sing sapa salah mesthi seleh
-        Bibit, bobot, bebet
-        Adigung, adigang , adiguna
-         
C.Nggatekake Bebakalane Geguritan
a)  Tema
Tema ing kene yaiku underan utawa wosing tulisan.Tembung – tembung kang kapigunakae gegayutan karo babagan apa.Kanthi mangkono tulisan kasebut bisa munjer, ora mrana- mrana kang kakandhakake.

b)  Tembung
Kareping piker lan ati lumantar apa wae kang kadulu, karungu, karasakake, lan kagrayang diejawantahake lumantar tembung- tembung kang pas, laras, lan trep.
c)   Citraan
Citraan iku nggambarake kanyatan apadene angen- angen lumantar tembung kang kapigunakake.Sawise maca tembung- tembung iku mau kaya- kaya dheweke bisa ndeleng, krungu, nyenthok utawa nyenggol.
d)  Lelewaning Basa
Lelewaning basa ( majas ) perlu kaecakake minangka sarana mbregasake karep lumantar tembung- tembung kang kapigunakake.Bebakalan lelewaning basa iki prayoga kaudi kanthi mirunggan amrih reriptane awake dhewe manjila susastrane.

D. Ngrembakake Underan dadi Geguritan
Sawise nemtokake underane geguritan banjur dirembaka supaya dadi geguritan kang nengsemake.Carane yaiku kanthi nglumpukake tembung – tembung kang ana gegayutane karo underan iku.Tembung – tembung kang dipilih kudu bisa nglantarake kareping piker lan ati.Pilihen tembung – tembung kang pas, laras, lan trep.Supaya bisa nengsemake, geguritan bisa nggunakake citraan lan lelewaning basa.

Tagihan 4
Gawea tuladhane purwakanthi :
1.   Purwakanthi lumaksita
.       .       .       .       .       .       .       .
.       .       .       .       .       .       .       .
.       .       .       .       .       .       .       .
.       .       .       .       .       .       .       .
2.   Guru swara 4 bae
.       .       .       .       .       .       .       .
.       .       .       .       .       .       .       .
.       .       .       .       .       .       .       .
.       .       .       .       .       .       .       .
3.   Guru sastra 4 bae
.       .       .       .       .       .       .       .
.       .       .       .       .       .       .       .
.       .       .       .       .       .       .       .
.       .       .       .       .       .       .       .


4.   Geguritan ing dhuwur coba golekana ttembungan kang nganggo purwakanthi ! lan kalebu purwakanthi apa?
C.Sakdurunge gawe geguritan kudu ngerti apa wae kang perlu digatekake, kayata :
·       Anggone milih tetembungan kudu apik , endah, lan bisa dimengerteni saben pawongan
·       Migunakake sarana retorika lan majas
·       Sarana retorika lan majas punika nduweni paedah yaiku gawe geguritan iku dadi endah lan enak kawaca.
Notched Right Arrow: Garapan omah
1.Gawekna geguritan kanthi tema bebas!
2.Sakwise gawe geguritan kuwi mau ,terus geguritan mau di parafrasanana!


Rounded Rectangle: Pepeling
Salah sawijing geguritan iku duwe nilai- nilai utawa amanat kang diandhut.supaya bisa mangerteni amanat utawa nilai- nilai kang diandhut, geguritan mau perlu diparafrasakake.Mula iku sajroning gawe geguritan tembung kang digunakna kudu bisa duweni arti lan tembunge endah lan narik kanggo di waca.
 







Wulangan 2
1.Wicara

Kompetensi Dasar


Indikator
Bercerita tentang adat istiadat
·       Mampu menyebutkan adat istiadat Jawa yang ada didaerahnya masing-masing
·       Mampu bercerita mengenai adat istiadat yang ada didaerahnya
·       Mampu menanggapi cerita teman mengenai adat istiadat
·       Mampu menjawab pertanyaan sesuai adat istiadat

A. Nyritakake Adat Istiadat Jawa
1.   Nyebutake Maneka Wernane Adat Istiadat Jawa.
Semaken Tuladha wacan Adat Istiadat Ing ngisor iki.
Tedhak sitèn
Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 wulan utawa 6 lapan. Upacara iki ing dhaérah liya ing Nuswantara uga ana, contoné sing diarani upacara injak tanah ing dhaérah Jakarta déning suku Betawi utawa uga ana sing ngarani "mudhun lemah" lan "udhun-udhunan”.
Tedhak sitèn iku asalé saka tembung tedhak, idhak utawa mudhun lan sitèn (saka tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah sing siap-siap njalani urip liwat tuntunan wong tuwa lan diselenggarakaké yèn umur bocah wis 7 selapan utawa 245 dina (7 x 35 = 245)
Upacara Tedhak sitèn dianakaké amarga ana kapitayan masyarakat Jawa yèn lemah kuwi nduwéni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala. Kanggo ngindari kadadéyan sing ora becik, mula dianakaké upacara ngenalaké putra-putriné marang Bathara Kala minangka sing njaga lemah. Anggone nglakoni upacara iki, luwih becik miturut weton.
Ubarampé Upacara Tedhak Sitèn
Ubarampé kanggo upacara tedhak sitèn akèh, kayata:
§  Pengaron sing di isi kembang setaman.
§  Kurungan, kanggo nggambarké yén dunyoné anak isih sithik utawa ciut.
§  Werna-werna barang sing diséléhké sajroning kurungan kang nggambaraké suwèné urip, menungsa duwé kawajiban nggolèk "nafkah", kayata:
1.  Pari sabengket
2.  Kapuk sabengket
3.  Piranti nulis
4.  Bokor kang di isi beras kuning
5.  Werna-werna jinis dhuit
6.  "Perhiasan"
§  Klasa sing isih anyar, kanggo lémèk ning jeroning kurungan.
§  Bakaran pitik, kang nggambaraké pedoman uripé anak.
§  Tangga tebu "rejuna", yaiku tebu sing warnané ungu kang nggambaraké undhak-undhakané urip sing arep dilakoni anak.
§  Jadah pitung werna,
yaiku abangputihirengkuningbiruungu lan jambon. Tegesé kanggo ngemutké anak yén urip kudu waspada saka macem-macem godaan.
§  Bancakan, kayata sega gudhangan sing dibagékna marang para tamu sing teka.
Urutané upacara tedhak sitèn
§  Tedhak jadah pitung warna: yaiku anak mlangkah utawa ngidak jadah pitung warna kang diéwangi ngidak déning ibu, jadah ditata saka warna sing padhang nganti warna sing peteng, iku kabèh perlambang déné urip iku ora gampang nanging kabéh alangan sing dirasakné mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan.
§  Munggah andha tebu arjuna: tebu iku pralambang antebing kalbu, supaya anggoné nitih urip ning dunya iki bakal manteb lan tebuarjuna pralambang supaya anak sing munggah tebu iku bisa duwéni solah bawa kaya déné arjuna.
§  Kurungan: kurungan iku pralambang urip ing dunya iki, ing jero kurungan diwénéhi akèh dolanan lan ubarampé pagawéan kayatakertasguntingpethèt lan liya liyané, dolanan utawa ubarampé pagawéan sing dipilih déning anak iku kaya tandha bésuk bakal duwéni pagawéan mau.
Siraman: kanggo nyucèni raga lan jiwa, muga muga bisa gawa jeneng arum kanggo kaluwarga kayata banyu kembang sing kanggo acara siraman anak.

2.   Critakna maneh nganggo basamu dewe teks upacara Adat tedhak Siten mau kanthi trep karo isine.
3.   Goleka tuladhane teks upacara adat ing daerahe dewe-dewe.
Paugeran Pambiji Gawe Carita
No
Jeneng Siswa
Ukarane runtut
Ejaane bener
Unggah -ungguhe basa
Skor
Ket.















II. MEMBACA
Double Wave: Ø	Kompetensi Dasar
Membaca indah tembang Dhandhanggula


 









Indikator:
1.      Mampu membaca indah tembang geguritan Dhandhanggula dengan lancar
2.      Mampu membaca titilaras dalam bacaan
3.      Mampu menjelaskan struktur tembang dhandhanggula
4.      Mampu mengubah bacaan tembang menjadi basa gancaran
5.      Mampu menjawab pertanyaan bacaan
6.      Mampu menjelaskan isi dan ajaran yang tersirat dalam tembang
Bahan Pembelajaran
PIWULANGANE TEMBANG MACAPAT
Tembang yaiku reroncening tembung ingkang nggadhahi paugeran tinamtu,sarekta, dipunsekaraken kanthi lagu tinamtu.Sadurunge nembang tembang macapat kang arep diandharaken ing kene, amrih becike tembang macapat iku kawaca lan dipahami ndhisik.Tembang macapat kuwi kagolong basa kang pinathok, kaiket ing wewaton yaiku :
·       Guru lagu
·       Guru wilangan
·       Guru gatra
Tembang macapat asale saka ma+ cepat.Mula tembang macapat iku pamacane riket, ora alon, lagune ora kakehan cengkok.Ana maneh kang negesi, tembang macapat pamacane papat- papat.Karepe, anggone nglagokake pamedhoting gatra wiwitan tiba wanda kang angka papat.Adhedhasar lagu gendhing uga ana jarwane, macapat iku wancahan saka mat lan pat.Ateges tembang iku yen dilagoake ing gendhing nganggo wirama ( mat ) papat- papat, saben sawirama isi patang wanda.

Tembung macapat iku kaiket ing pathokan guru gatra, wilangan, lan guru lagu.
§  Guru lagu yaiku  tibaning swara utawa dhong dhing ing wekasaning gatra.
§  Guru wilangan yaiku cacahing wanda saben gatra.
§  Guru gatra yaiku caching ukara saben sapada.
Kang digatekake sajroning maca indah tembang yaiku:
§  Swara kudu jelas
§  Kudu ngerti arti maknane tembang dhandhang gula iku apa
§  Kudu menghayati tembang ingkang badhe dipuntembangake
Nembangake tembang dibagi dadi 4:
ü Bawa suara
Dipuntembangake piyambak , wirama mardika, mujudake pambukaning gendhing, kairing swantene gender.
ü Sekar gendhing
Vokal tunggal , wirama mardika, mujudake peranganing gending, kairing swantene komposisi , campur sari, sindenan,sinom, parijotro.
ü Gerongan
Dipun sekarake sesarengan , wirama kawengku/ terbingkai ing gendhing, kairing swantene komposisi gendhing.
ü Palaran /rambangan
Vokal tunggal,wirama mardika, saben andheg,kasingget dening kendang lan gong, mujudake peranganing gendhing, palaran, kairing, swantene gending palaran.
Urut-urutane  tembang jawa iku padha karo lelakoning manungsa wiwit saka bayi abang nganti tumekaning pati.Mungguh kaya mangkene uru-urutaning tembang macapat.
1)  Maskumambang
Nggambarake jabang bayi sing isih ana kandhutane ibune, sing durung kawruhan lanang utawa wadon,Mas ateges durung weruh lanang utawa wadon, kumambang ateges uripe ngambang nyang kandhutane ibune.
2)  Mijil
Punika nggadhahi ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.
3)  Sinom
Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggone won anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe.
4)  Kinanthi
Punika saking tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
5)  Asmarandana
Ateges rasa tresna, tresna marang liyan ( priya lan wanita lan kosok baline) kang kabeh mau wis tetep bisa dadi kodrate.


6)  Gambuh
Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yen wis jumbuh / sarujuk njur digathukake antarane priya lan wanita sing padha nduweni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisa urip bebrayan lan nduweni salah satunggaling ancas ingkang sarujuk.
7)  Dhandhanggula
Nggambarake uripe wong kang lagi seneng- senenge, apa kang ginayuh bisa kasembadan.Kelakon duwe sisihan/keluarga, duwe anka, urip cukup kanggo sak kaluarga.Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu dhandhanggula.
8)  Durma
Saka tembung darma/weweh.Wong yen wis rumangsa kacukupan uripe banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepengin darma / weweh marang sapdha- padha.Kabeh mau disengkuyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa.
9)  Pangkur
Punika saking tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka.kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha-padha.
     10)Megatruh
Saka tembung megat roh utawa pegat rohe/ nyawane, awit wis titi wancine katimbalan marak sowan mring Sing maha kuwasa.
     11)Pocung
Yen wis dadi layon/mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durunge dikubur.

vTiti Laras Tembang
Laras gamelan ada 2 :
*  Pelog → 1 2 3 4 5 6 7 1
*  Slendro→ 1 2 3 5 6 i







Tagihan 1
Tembang macapat ing ngisor iki tembangna!
DHANDHANGGULA
2          5          6          6          6          i           2          2          2          2
La        mun     si          ra         ang      ge        gu        ru         ka        ki
2          2          6          i           6          5          6          6          6          6          6
A         mi        lih              a                ma     nung      sa       kang     nya       ta
5          6          6          6          6          6          6          i           6          5
Ing       kang    be        cik       mar      ta             ba                     te
6          i           2          i           6          6          5          6
Sar       ta         kang    wruh    ing       ku            kum
5          5          2          2          5          6          1          6          2          1          6
Kang   ngi       ba        dah      lan       kang    wi        rang                 i
1          2          2          2          2          2          2
So        kur       o          leh       wong   ta         pa
1          1          6          2          6          1          6          5
Ing       kang    wus      a               mung               kul
5          6          1          2          2          2          2          2
Tan      mi        kir        pa        weh     ing       li          yan
5          3          2          1          6          6          6          6          6          6          1          2          2
Iku             pan                              tes              si          ra         gu        ran       a          na        ka        ki
5          6          1          6          2          6          1          1
Sar       ta         ne        ka        wruh           a               na



Tagihan 2   
Nggancaraken tembang
Tembang dhandhanggula ing dhuwur coba gancarana !
.       .       .       .       .       .       .       .       .       .
.       .       .       .       .       .       .       .       .       .
.       .       .       .       .       .       .       .       .       .
.       .       .       .       .       .       .       .       .       .
.       .       .       .       .       .       .       .       .       .
.       .       .       .       .       .       .       .       .       .
.       .       .       .       .       .       .       .       .       .

Tagihan 3
Wangsulana pitakon- pitakon ing ngisor iki!
1.   Apa wae pathokan tembang macapat iku? Coba terangna!
2.   Apa maknane tembang asmaradhana miturut andharan ing dhuwur?
3.   Sebutna pathokane tembang dhandhanggula?
4.   Tembung macapat apa kang nuduhake utawa nggambarake uripe wong kang lagi seneng- senenge?
5.   Kepriye watake tembang dhandhanggula iku?



Tagihan 4
Tugas iki digarap ana omah !
Tembung macapat iku cacahe ana 11,
1.   Sebutna watake saben tembung!
2.   Golekana guru wilangan, guru lagu, lan guru gatrane saben tembang macapat kuwi mau!

Bausastra cilik
-        Wirangi               : isin kang dingerteni wong akeh, isin, wirang
-        Pawehing            : awehe wong liya
-        Amungkul           : temenan anggone nyambut gawe, ora royal
-        Ngibadah            : ibadah, nglakoni prentahe gusti allah lan nyegah larangane
-        Guronana            : merguru, digoleki wong akeh saperlu meguru, ngangsu kawruh utama
-        Kawruhana          : ngertenana, dingerteni, diweruhi
-        Pawehing            : anggone aweh, paring
-        Sartane                        : lan , karo
-        Kaki                    : simbah, wong kang tuwa banget, panyebut marang wong nom kang kinasih/ disayang
-        Flowchart: Punched Tape: Pepeling
Tembung  macapat dhandhanggula
Tembung macapat dhandhanggula iku kalebu salah sijine tembang macapat.tembang iki nduweni watak luwes, ngresepake.mathuk kanggo bebuka/ pambuka medharake piwulang, rasa kasmaran/gandrung.Dene sasmitaning tembang iki yaiku : manis, sardula, madu.
Mula ing tembang iki pangetrapaning becik kanggo bebuka utawa pambuka kanggo medharake piwulangan lan pitutur, rasa kasmaran.Pralambange tumrap para nom- noman sawise padha kasmaran  ngalami kadadeyan kang endah- endah ( kenangan manis  ).tembang iki dumadi saka 10 gatra, kanyhi paugeran guru lagu lan guru wilangane, yaiku : 10i-10u-8e-7u-91-7a-6u-8a-12i-7a
Kukum                : aturan




























ii.maos
Double Wave: ü	Kompetensi dasar
Membaca paragraf berhuruf jawa yang menerapkan angka jawa








 






Indikator:
1.mampu membaca angka berhuruf jawa dengan lancar
2.mampu menunjukkan angka yang dimaksud dalam bacaan
3.mampu membaca bacaan berhuruf jawa yang menerapkan angka jawa
4.mampu mengubah bacaan kedalam huruf latin
5.mampu menjawap pertanyaan bacaan dengan huruf jawa
Sakliyane gladhen aksara nulis aksara jawa , para siswa becike uga asring gladhen maca teks aksara jawa.Kanthi gladhen nulis lan maca teks mawa aksara jawa, samsaya lancar anggonmu bisa gunakake aksara jawa.Mula iku, akehana anggonmu gladhen nulis lan maca teks mawa aksara jawa.
Cloud Callout: A.Dolanan nganggo aksara jawa lan angka jawa 









Gatekna angka- angka jawa ing ngisor iki !!!
1   2  3  4  5  6  7  8  9  0
Angka sing paling akeh cacahe yaiku : 9
Tuladha :
( 9 x 4 ) + 1  = 37
Yen angka mau dipingake angka titele 3 wiwit 1 nganti 9 yaiku :3,6,12,14,18,21,24,27,etungen asile !!
37 X 3
37 X 6
37 X 9
37 X 12
37 X 15
37 X 18
37 X 21
37 X 24
37 X 27       



Explosion 1: B.Aksara jawa                         
a  n  c  r  k
  f   t  s  w  l
p  d  j  y  v
m  g  b   q   z
        Pasangan aksara jawa
H    N         C      R      K
F     T    S      W      L
P     D      J        Y      V
M       G        B        T   Z 
Tagihan 1
1.Nuduhake Angka Sajroning Wacan
a. Ayo










ukara- ukara ing ngisor iki diwaca
b. sawise maca angka jawa sajroning ukara ing nduwur, ayo ngandharaken tata tulise angka jawa






2.Maca Wacan Angka Jawa
a.Ing ngisor iki paragraph mawa aksara jawa.Ayo diwaca kanthi lancar !


 







b.Ayo wacan mawa aksara jawa ing dhuwur dilatinke

3.Njangkepi ukara
Ing ngisor iki ana ukara- ukara kang perlu dijangkepi jumbuh karo kasunyatan migunakake aksara jawa.Ayo dijangkepi kanthi titi!


 







Down Ribbon: Kompetensi dasar :menulis paragraf berhuruf jawa dengan menerapkan angka jawaIV.MENULIS



 
                                               
Indikator:
1.Mampu menyalin tulisan huruf latin ke huruf jawa
2.Mampu mengurutkan angka jawa yang di acak
3.Mampu menulis angka jawa dalam kalimat
4.Mampu menulis paragraf huruf jawa dengan penerapan angka jawa
Bahan pembelajaran
    WUJUDE ANGKA JAWA
1    = 1

2 = 2
3 = 3
4  = 4
5  = 5
6  = 6
7 = 7
8 = 8
9 = 9
0  =  0
Tagihan 1
Tulisen nganggo aksara angka jawa!
1.   Regane 750 rupiah
2.   Bobote 35 kilogram
3.   Adohe 93 kilometer
4.   Dhuwure 172 sentimeter
5.   Dulure ana 8 iji
6.   Sing teka ana wong 145
7.   Tuku katul 170 kilogram
8.   Ngombene entek 6 gelas
9.   Tukune namung 68 iji
10.Berase 25 kilogram


Tagihan 2
Alinea ana ngisor iki salinen nganggo aksara jawa !
Horizontal Scroll: Tugas kelompokTanggal 17 agustus 2011, iku dina jumat kliwon kapungkur, pemerintah lan Presiden Susilo Bambang Yudhoyono ngadani lan mengeti peringatan hari kemerdekaan indonesia tahun 2011.Dene papane ana ing Istana Presiden Jakarta.Kawiwitan jam 08.30 esuk nganti rampung.


-Ukara- ukara ing ngisor iki ditulis migunakake aksara Latin!








-Ayo angka- angka jawa ing ngisor iki dilatinke!


 


-Paragraf ing ngisor iki ditulis latin!










 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar